Assalamu'allakum Wr.Wb...
Mungkin posting kali ini berbeda dengan posting-posting sebelumnya. Karena pada posting kali ini saya akan memberi contoh sebuah Kidungan Jawa dengan tema kebersihan, karya saya. Langsung saja.. Selamat membaca :)
*Pambuka*
Surabaya kutha pahlawan, yen Malang kutha pendidikan
Yok kanca njaga kebersihan, merga seneng urip ya nyaman
Pithik cilik melbu kurungan
Nggawa kembang menyang kuburan, bumi endah ya kautaman
*Lamba*
Menyang Jogja mampir Pacitan, ora lali budal nunggang jaran
Urip ing donya iku bebarengan, kanggo ngelestarekake lingkungan
Lingkungan iku gawe panguripan, kulit kewan gawe sandangan
Godhonge tanduran ya gawe panganan, sak bendinane ora kekurangan
*Prapatan*
Zaman saiki dadi gambaran, yen manungsa pada kekilapan
Mbuwak sampah menyang pengairan, mengko yen udan ya kebanjiran
Lingkungan resik ya perjuangan, ora gampang njaga kebersihan
Kaindahan lan kelestarian, polusi limbah dadi rintangan
Menyang dalan ndeleng wit-witan, anggone nandur ingkang taunan
Para pemimpin pada ngendikan, ayo warga njaga kebersihan
Sanajan alam menehi katentraman, atine bunga ora kepeksan
Uripe seneng panggonan aman, Lahirake kasebtosan
*Panutup*
Mak Sarinten kesandung bata
Cekap semanten kidungan kula
Semoga bermanfaat..
Sekian.. Terimakasih
Wassalamu'allaikum Wr.Wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar